Friday, March 16, 2012

Pidato B. Jawa => Hari Ibu ^!^


Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kula hormati, Bapak Kepala sekolah SMP N 1 Sulang, Bapak/Ibu guru SMP N 1 Sulang, ugi staf tata usaha SMP N 1 Sulang. Mboten kesupen para kanca ingkang tansah kula tresnani.

Sepindah, sumangga kula aturi sareng-sareng ngucap syukur dhumateng Gusti Allah SWT. Awit saking rahmatipun kita sedaya saget makempal wonten ing adicara “Mangeti Hari Ibu” kanthi kawontenan sehat walafiat.

Ingkang kaping kalih, sholawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan nabi agung Nabi Muhammad SAW ingkang kita ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten ing dinten kiamat.

Para rawuh ingkang kula hormati.

Tanggal 22 desember menika sampun dipuntetepaken dados Hari Ibu. Kangge ngregengaken pangetan Hari Ibu, kathah acara-acara igkang dipunawontenaken. Jasa para ibu menika sanget kathah. Mliginipun kangge para putra. Ibu ingkang ngandhet, ngelahiraken, nggulawenthah, ugi ndidik kanthi kebak ing kasih sayang. Sedaya wau dipuntindakaken ibu kanthi ikhlas, supados mbenjang putra-putrinipun saget dados putra-putri ingkang sholeh sholihah, beja donya lan akhiratipun.

Para rawuh ingkang kula hormati.

Wonten ing jaman sakmenika, peran para ibu wonten ing keluarga sansaya kathah. Mboten namung tanggung jawab urusan pawon lan griya, langkung saking menika. Wonten jaman sakmenika, kathah para ibu ingkang nindakaken menapa ingkang biasanipun dipuntindakaken para bapak. Inggih menika mbiyantu pados nafkah kangge nyekapi kabetahan keluarganipun.

Para rawuh ingkang kula hormati.

Sosok ibu menika pancen pantes kita dadosaken panutan. Emut ta, ngendhikanipun kanjeng nabi bilih suwarga menika wonten ing ngandhapipun samparan ibu. Awit saking menika, sampun dados kewajiban kita minangka putra kangge ngurmati ibu. Kita mboten pareng nggelakaken tiyang sepuh. Malah sak saget-saget kedah mbangun miturut tiyang sepuh. Ampun dados anak ingkang duraka, supados mbenjang wonten ing akhirat kita sedaya saget mlebet wonten ing suwarganipun Gusti Allah SWT. Amin amin ya robbal alamin.

Para rawuh ingkang kula hormati.

Cekap semanten anggen kula matur. Mugi-mugi menapa ingkang kula aturaken wonten ing enjing menika wonten manfaatipun. Amin. Mbokbilih wonten pangucap ingkang mboten mranani, kula nyuwun pangapunten ingkang kathah.
Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

No comments:

Post a Comment